article

 Melayu-Polinesia
  Melayu-Polinesia Kulon
   Sundik
    Basa Jawa
Basa Jawa, Basa Jawi
Dipituturaké ing: Jawa (Indonesia), Suriname, Kaledonia Baru
Cacah Panutur: 80 - 100 yuta
Ing donya urutan ping: 11
Rumpun Basa
Klasifikasi:
Austronesia
Status Resmi
Basa Resmi ing: Hindhia-Walanda (Jawa)
Dijabel wiwit taun: 1942
Kodhe Basa
ISO 639-1jv
ISO 639-2jav
SILJAN, JVN, JAS, OS, TES

Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dienggo sawarna-warnane bangsa pribumi ing kapulowan sakidul-wetaning benua Asia. Basa Jawa kasebar mulai pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wetan Banyuwangi. Saliyane iku, Basa iku kasebar ning Walanda, Suriname, Curacao lan ing Kaledonia Baru. Saliyane kuwi Basa Jawa ya dituturake ing Malaysia, Sumatera nganti Irian Jaya.

Basa Jawa ya dadi kontributor paling gedhe kanggo pengembangan Basa Indonesia. Sanajan dudu basa resmi ing pamarentahan, Basa Jawa iku duwe pengaruh ketimbang basa-basa liyane kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadangkala nganggo istilah Jawa.

Dialek-dialek Basa Jawa


Basa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dialek sosial sing dibagi miturut hirarkhi saka kasar tekan alus dadi :
  • ngoko
  • madya
  • krama

Dumuken Basa Jawa Ngoko - Basa Inggris iki,yaiku sethithik terjemahan saka Basa Jawa Ngoko Andhap tumuju Basa Inggris.

ana basa sing mligi digunakake kanggo keperluan resmi karaton

  • basa walikan (basa jawa prokem)
inggih punika basa sing diganti aksara konsonane miturut urutan HONOCOROKO. contone : DAGADU ( artine matamu), JAPE METHE (artine cahe dewe), lsp.

Saliyane kuwi, ana dialek sing didasarke tlatahe lan ora sekabehe dialek jawa kuwi dimangarteni karo kabeh wong Jawa. Dialek-dialek kuwi miturut ahli basa : E.M. Uhlenbeck, 1964, neng bukune A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura, The Hague: Martinus Nijhoff, dikelompokaken dadi 3 (telu) rumpun yaiku :

Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.

Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa baku.

Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa timuran.

Sastra lan Tata Basa Jawa Pepak


Mugi mirsani


Basa

Javaans | Xavanés | Javanische Sprache | Javanese language | Java lingvo | Idioma javanés | Jaavan kieli | Javanais | Bahasa Jawa | ジャワ語 | იავური ენა | 자바어 | Bahasa Jawa | Javaans | Język jawajski | Яванский язык | Javanesiska | 爪哇語

 

This article is licensed under the GNU Free Documentation License. It uses material from the "Basa Jawa".

Home Pageartsbusinesscomputersgameshealthhospitalshomekids & teensnewsphysiciansrecreationreferenceregionalscienceshoppingsocietysportsworld