article

Basa Inggris iku basa Jermanik Kulon, sing asalé saka Inggris. Basa ini sawijining kombinasi saka pirang basa lokal sing ditrapaké déning wong-wong Norwegia, Denmark, Saxon lan Angel saka abad kaping 6 nganti 10. Banjur ing taun 1066, Inggris dibedhah déning William the Conqueror, sang panakluk saka Normandia, Prancis Lor. Mula sabanjuré basa Inggris kena pangaruh intènsif basa Latin lan basa Prancis. Saka kabèh kosakata basa Inggris modern, diperkirakaké kurangluwih 50 % asalé saka basa Prancis lan Latin.

Sejarah Basa Inggris


Perkembangan basa Inggris biasané dibagi dadi telung masa:
  • Basa Inggris Kuna utawa basa Anglo-Saxon, 700 – 1066
  • Basa Inggris Tengahan, antara 10661500
  • Basa Inggris Anyar, wiwit abad kaping 16

Basa – basa kerabat


Basa Inggris kagolong rumpun bahasa Jermanik, lan utamané saka cabang Jermanik Wetan. Kerabaté sing paling cedak iku basa Frisia. Saliyané iku basa Walanda (lan uga basa Jerman ngisor liyané) uga isih cedak. Basa Jerman (Basa Jèrman dhuwur) rada luwih adoh manèh.

Anging saka kabèh basa Jermanik, basa Inggris iku basa sing liya dhéwé tatabasa lan kosakatané.

Status Basa


Basa Inggris iku basa pratama ing Amerika Serikat, Australia, Bahama, Barbados, Bermuda, Britania Raya, Guyana, Jamaika, Selandia Anyar, Antigua, Saint Kitts dan Nevis lan Trinidad lan Tobago.

Saliyané iku basa Inggris uga salah sijining Basa resmi ing akèh nagara liyané ing donya. Antara liya ing Afrika Kidul, Belize, Kanada, Hong Kong, Irlandia, Singapura lan sabanjuré

Ing donya basa Inggris iku basa kaping loro sing pratama disinaoni. Basa Inggris bisa nyebar amarga déning pangaruh politik lan imperialisme Inggris banjur Britania Raya ing donya. Salah sijining paribasa Inggris jaman mbiyèn bab karajan Inggris sing diarani Kakaisaran Britania (British Empire) iku ya papan sing “Srengéngéné ora tau sumurup” (“where the sun never sets”).

Pautan luar


Basa

Engels (taal) | Englische Sprache | Nīwu Englisc sprǣc | إنجليزية (لغة) | Inglés | Ангельская мова | Английски език | Saozneg | Anglès | Angličtina | Saesneg | Engelsk (sprog) | Englische Sprache | Αγγλική γλώσσα | English language | Angla lingvo | Idioma inglés | Inglise keel | زبان انگلیسی | Englannin kieli | Anglais | Béarla | Lingua inglesa | אנגלית | अंग्रेज़ी | Angol nyelv | Անգլերեն | Lingua anglese | Bahasa Inggris | Angla linguo | Enska | Lingua inglese | ᖃᓪᓗᓈᑎᑐᑦ | 英語 | 영어 | Sowsnek | Lingua Anglica | Ingels | Anglų kalba | Angļu valoda | Anglisy fiteny | Bahasa Inggeris | Inglestlahtoli | Ingelsch | Engels | Engelsk språk | Engelsk språk | Bilagáana bizaad | Āngalabhāsā | Język angielski | Língua inglesa | Limba engleză | Английский язык | Inglis leid | Eaŋgalsgiella | English language | Angličtina | Angleščina | Енглески језик | Engelska | Kiingereza | ஆங்கிலம் | ภาษาอังกฤษ | Wikang Ingles | İngilizce | Англійська мова | Tiếng Anh | 英语 | Eng-gí

 

This article is licensed under the GNU Free Documentation License. It uses material from the "Basa Inggris".

Home Pageartsbusinesscomputersgameshealthhospitalshomekids & teensnewsphysiciansrecreationreferenceregionalscienceshoppingsocietysportsworld